Hikmah Riaya Qurban
الله اكبر الله اكبرالله اكبر الله اكبر الله اكبرالله اكبر الله اكبر الله اكبرالله اكبر
الحد لله اللهم صل وسلم على سيدنا محمد وعلى اله وصحبه اجمعين
اما بعد
اتقواالله حق تقاته
Hadirin jamaah idul adha ingkang minulya. Langkung rumiyin kawulo wasiyat dumateng awak kulo
lumeber dumateng panjenengan sedoyo
Monggo sareng-sareng sami ambudidoyo nambahi anggenipun taqwa dumateng Allah swt.
Ing dinten puniko kito mrengeti setunggalipun peristiwa penting inggih meniko sejarah kurban. Ing peristiwa puniko katah perkawis-perkawis ingkang saged kito pundhut minongko pitutur kagem kito sedoyo. Peristiwa kurban termasuk dipun sebat wonten ing Alquran, ing antawisipun kasebat wonten ing surat Ash-Shoffat ayat 99-102 ingkang ungelipun mawi artos jawinipun mekaten: Tegesipun sa sampunipun Nabi Ibrahim AS wilujeng saking kobong lajeng hijroh dumateng negari Syam. Dawuhipun "Ingsun arep budal pindah saking negoro iki, pengarep-arep ingsun, ana ing panggonan hijroh ingsung mangke Allah ta'ala bakal paring pituduh biso nglakoni ibadah kanthi sampurno, ora ana gangguan apa-apa". Sareng sampun dumugi Syam, Nabi Ibrohim AS nyuwun dumateng Allah Swt. "Duh Gusti Allah Pengeran! Dalem nyuwun mugi panjenengan kerso paring anak sholih"
Panyuwunipun Nabi Ibrahim As dipun sembadani, Gusti Allah paring putro jaler ingkang aris penggalihipun. Sa sampunipun putro yuswo pitung tahun, Nabi Ibrahim AS nampi wahyu supados mragat (menyembelih) putranipun.
Nabi Ibrohim AS ngendika "Hai, anak ingsun angger! Ingsun supeno sajerone sare, menawa ingsung nyembeleh seliramu, coba pikiren kepiye mungguh seliramu". Ingkang putra matur: "Bapak, dalem aturi ninda aken perintahipun Gusti Allah, Dalem insya Allah mboten badhe mbangkang, nanging badhe shobar".
Saking keterangan ayat ing nginggil kito saged mundhut pinten-pinten pitutur kagem sangu saha nambahi isinipun ruhani kulo saha panjenengan sedaya.
Ing antawisipun, kawontenanipun Nabi Ibrohim AS ingkang tansah madhep tumuju dumateng Gusti Allah ta'ala. Ngantos-ngantos nalika dipun dhawuhi mragat putra ingkang dipun gafhang-gadhang Nabi Ibrohim AS mboten selak. Bakal pasrah dumateng Gusti Allah ta'la. Pramilo tumerap kita umat Islam sampun ngantos supe dumateng Gusti Allah ta'ala, khususipun naliko ngadhepi masalah-masalah ingkang awrat. Ampun malah nindaaken perkawis-perkawis ingkang nebihaken saking Gusti Allah ta'ala, kados to pados pelampuasan-pelampiasan ingkang harom. Jalaran masalah-masalah ingkang dumugi puniko sajatosipun ujian saking ngerso dalem Allah subhanahu wata'ala
Bersambung...
Wallohu a'lam bishowab
Selamat Hari Raya Idul Adha 1441 H
Taqobalallohu mina waminkum taqobal Ya Karim
# Balighu anni walau ayatan
Komentar
Posting Komentar